꧙ꦅꦅꦟꦐꦸꦉ꧚

꧋ꦱꦸꦒꦼꦁꦫ​ꦮꦸꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦢꦶꦪꦃꦧ​ꦱ​ꦗ​ꦮꦶ꧉

NGELMU KASUNYATAN

Kanggo gagaran nyumurupi manunggale KAWULA GUSTI, apa dene pratikele supaya bisa damang gelare Sastra Cetha, yaiku tulisan kang nyata, tulisan kang muni dewe tanpa diwaca yaiku blegere urip. Dadi amrih bisa nyumurupi marang uripe, garise dewe kang landesan kukum sebab lan akibat (daruna lan wahana).
Kang minangka tulada dadi gagaran neniteni dumunung ana ing kahanane wong kang berbudi cukup, lire wong kang ngenggoni sipat-sipat kamanungsane, awatak asih marang sapadane tumitah, ambeg welasan gelem tetulung tanpa pamrih apa-apa, sing tumrap awake dewe lsp. Yen menawa tetembungan saiki, ya wong sing ajiwa sosial, kang gemblengane banjur dadi wong sing bisa ngayomi sesamaning ngaurip tanpa melik apa-apa.
Mung perlu wae diimuti yen sipat sing kaya mangkono mau senajan ta becika pisan nanging yen kurang wicaksana anggone ngetrapake wahanane malah dadi kosok balen. Welas marang sak pada-padane tumitah kan kanti wicaksana iku ateges welas marang soksopoae kang mula pancen patut lan wajib diwelasi. Karana yen ora mengkono dadine malah banjur welas tanpa alis, semono uga ngenani prakara tetulung, yen kleru cak-cakane wahanane malah malah ngapitunani sing ditulung. Dadi bakune tindak kautaman kasebut ing duwur kang kudu dilekasi adedasar kawicaksanan iku, kajaba wujud dadi kasuyatan uga kudu kang wahanane ora bakal agawe kapitunane jiwa marang sapa wae kang ditamnduki kautaman mau.
Tindak sing kaya mangkono iku ateges nuhoni dharmaning ngaurip amrih rahayuning jagad, mungguhung jagad pakeliran kaya lekase Sri Ramawijaya sing tumanduk marang maharesi Subali ing Guwa Kiskenda lan Rahwanaraja ing Ngalengkadiraja, utawa lekase Sri Kresna ing Dwarawati sing tumanduk marang para kadang Kurawa jroning perang Barata Yuda Jayabinangun. Kawicaksananing amrih rahayuning bawana nganti pantog tekan “tegel” ngrampungi para kang pada tumindak dur. Ora kena rasa sengit utawa getting, nanging karana rasa welase. Yen ta ora enggal disirnakake, kajaba kang pada ngawaki bakal saya gede durhakane, kahanane jagad uga banjur ora bakal leren anggone gasrek marga saka daya angkarane mau. Tindak tanpa kendat lan ajiwa sosial alambaran kawicaksanan, dayane mesti tumimbal-balik lire : sing sapa ngayomi liyan, prasasat ngayomi pribadine. Tabate ora ana liya kajaba mung kabecikan lan babrayan mesti gede panarimone marang wong kang sipate kaya mangkono mau.
Anadene kang diarani bisa mranata lakune nafsu lan meper sakehing pakarti kang tuwuh saka rangsang saya krekating jasad kadagingan iku, mranata bekaning urip lair lan bekaning urip batin. Bekaning urip lair kang tuwuh dening pakartining pancadriya lan bekaning urip batin kang tuwuh dening ubaling nafsu patang perkara, yaiku ; Mutmainah, Supiyah, Luwamah lan Amarah.
Nafsu patang perkara kasebut sarta pakartining pancadriya, iku samangsa ora dikendaleni, lire diuja tumindak ing salonggar-longgare, wahanane tumrap salira pribadi banjur dadi mbakar kasenengan lan kemareman, ambeg candala ing budi, watak dara cidra, demen fitnah lan nganiyaya ngumbar nguja ubaling nafsu, dene ing sabanjure dadi demen marang tumindak crobo (ora bisa weruh ing ukuran), laku nista, ambeg degsura, kesed lan sungkanan sarta lumuhmarang tarak brata. Kabeh mau pada mujudage sambeganing laku tumraping urip ya lair ya batin.
Ing sarehne wis bisa meper hawa nafsu lan ngeker pakartining pancadriya, temah bisa mranata jiwane sarta banjur ora wigih ngadepi sakehing goda rencana maheka warna sarta wasis nyabili seprelune. Yen wis kaya mengkono, dadine mestibanjur ora bakal kasamaran samangsa kudu ngadepi pati, karana jeroning uripe ora ninggalake tabe bebinget apa-apa.
Ngudi murih jiwa raga sarta sakabehane iku bisa lestari slamet iku kudu katindakake kalwan tanpa leren ing salawase urip, kanti awawaton sing wis ditetepake dening ngelmune, lakune supaya bisa tetep, ojo kongsi sulaya karo gegebengane.
Mula mangkana jalaran samangsa wis niyatingsun nggilud marang sawijining ngelmu, panggilutu kudu sing kalawan temenan, ora kena sulaya utawa nyulayani sakabehing angger-angger jer kabeh mau kena ingaranan sawijining prajanji kang kawetune lan kalakone mung sapisan. Bener ya sapisan iku, yen ta luputa ya ora kena diambali maneh dadi samangsa ora ngati-ati, wahanane bisa drawasi.
Srana kang bisa kanggo ngayuh marang iku mau kabeh kajaba tindak kaya kang wus kawedar ing katerangane ing duwur uga kudu bisa manunggalake KAWULA lan GUSTI, ya manunggalake Raga lan sukma. Rehne karo-karone iku manunggal lan blegere pada dadi prasemon gaibing Hyang Widi, ing samubarang rehne kudu sing kalawan tumata, solah bawa, muna-muni lsp. Kudu tansah diemuti yen kabeh mau atas asmane Pangeran. Tindakake raga karono dikemudeni dening sukma, dadi uga ateges tindake nyawa, tindake kawula pada karo tindake Gusti jer loro-lorone manunggal ana ing badan sawiji.
Ing antaran srana kang menika warna, srana panggayuke bisa kanti nggladi murih lahir lan batine bisa tumata lan tentrem, meneng, wening lan dumunung – Tegese meneng iku ya menenge raga kang kaprabawa dening nafsu, wening iku weninge pikir, ngedohake gagasan sing tumuju marang tindak ora perlu lan ora utama, temah dumunung ana ing pusaraning gegayuhan. Jiwa raga sakojur gumolong gilik dadi siji ngadepi pajumbuhan kang pratitis nganti bisa klakon.
Yen laku sing kaya mangkana mau bisa digawe pakulinan lan bisa ajeg, samangsa ana gawe parigawe sawanci-wanci bisa diecakake kalawan ndadak sarta lekase bisa titis lan tatas. Satumungging rimbagan, gilig kaya gilige jladren kang munggah ing cithakon.
Surasane ngelmu sejati iku yen dirasakake temenan mula pancen nyenengake, karana bisa miyak sakabehing warana sing nutupi gaibing Pangeran bisa gelar wewadine jagad dalah saisine kabeh, wiwit kang agal kasar, nganti tekan sing alus ngrawit.
Mula keh-kehane banjur dadi kasegsem, kentir ing daya enggala bisa nyakup sakabehing isine wiwit “HA” nganti tekan “NGA”. Sing kaya mengkene iki njalari kurang pramareming panggudi lan susurapane banjur mung grambyangan wae, kebat-kliwat, iki marga saka kapiluyune – malah marga anggone kayungyun lan kesusu nyumurupi iku mau, nganti lali ing weweka. Ana ing ngendi-endi sing diujarake tansah ngelmune wae, ora ngemuti marang kahanane papan lan empane sarta wewalere. Ilang kaprayitnaning bantin ninggal pepacuh endi sing kena lan endi sing ora kena diwedharake, lekase kaya wong guru aleman, kepengin diarani sugih ngelmu utawa saora-orane digolongake marang wong sing anduweni reh kebatinan.
Tindak sing kang kaya mangkono mau kajobo ora prayoga, ugo ora bener, nyamari banget. Mula kudu sing bisa mapanake giludane ngetrapake surasaning ngelmune kalawan kawicaksanan – Tindak lan tanduk solah bawa muna-muni supaya sing tumata, tajem prayitna lan was pada ing samubarange katone jatmika.
Kanti laku kang kaya mangkono mau sarta kanti tansah nggladi murih Gusti manunggal lan Kawula samangsa wis bisa nyandhak marang tataraning gagayuhan kang sejati pindane prasasat bisa nemu pepadang kang sumunar cahyane amblerengi.

WIJINING URIP

  1. Wimbaning rasa kang aneng jro ati, wimbaning katongton, pan rumongso anuksma rasane, ing tingal sih rasane kang urip, kumpule dumadi, raos sakahetung.
  2. Mapan aling wijining ngaurip, wijine sawiyah, enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping kalihe malih, siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi wong.
  3. Tiningalan iku ing lair ira, iya iku rasa banyu urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi, dadinira awor, iku pada lan lair tamtune.
  4. Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji kang duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun cernoh, aja sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa urip iku dipun weroh.
  5. Sipat iku kang sira tingali marganipun weroh, iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira aurip, iku misih bingung.
  6. Iya mengko sira sun tuturi tegese kang raos, aja sira tingal jaba bae, upamanira yen sira guling lamun sira ngimpi , sapa kang andulu raragane pan kira aguling, ing jero miraos wan loro tunggale, nora pisah pan ora atunggil, pilih kang ngawruhi, lir kaca dinulu.
  7. Jroning kaca sira tingali, tanpa dununging nggon, iya uga among sira dhewe kaca iku umpamane jisim, kalimputan urip, sukma kang ndulu, rasa iku kang wujut jati, katingal kang katon, sirno jisim mulih ing asale, mapan asalira duk dumadi, bhumi angina geni, kaping patte banyu.
  8. Jisim alus tan kena ing pati, iyo iku erroh, among rasa nikmat lan larane, tandya wangenan nggon ira aurip.
  9. Lan sakehe kang jro nala tingali sayekti, kalbunira nyatane Hyang Widi, kakelir sayekti, megane pandulu.
  10. Umpamane lir sare lan estri tingal ira raos, sumrah kabeh ing raga nikmate, suka nikmat tan wonten kuwatir, tan ngraos darbeni, sedaya pan kumpul.
  11. Lamun sira yen arsa aguling, tan dyanen sayektos, napas ira pan iku yektine, sarta lamun sira manjing, lampahe aririh, rahmat kang tumurun.
  12. Liyaping netra kang rohmat wus manjing, ing jro manah awor, dadya lali ing kanikmatane, marma datan anget raga iki, tanwruh kula gusti, dudu iyo dudu.
  13. Iya iku al bransanusiri, Mukhammad rasengo, sira kawiti kang sun dadekake, pan wiji sekalir dumadi, saking ing sireki, sira saking ingsun.
  14. Dipun reksa saranaken urip, pasrahna Hyang Manon, dipun nggono rasa sarirane, dipun awae nggonira ngulati, kang trus lawan ngelmi, pituduh ing guru.
  15. Sabdaning gurunen ngati-ati, anuta ing pakon, sarta iklas ing pangidhep kaberah, pati urip datan den rasani, sunya lawan lawan singgih, pan ora kaetung.
  16. Mengko padha sun tuturi malih, brahisih kang katon, kweruhana, ya ing dadine, pan ing raga dununge ing ati, ati ingkang putih, arane pausuh.
  17. Patang prakara dadine kang isih, pan sanes kang enggon, ingkang dhingine jantung nggone, kaping kalihe limpa sadyang ati, tyaspangasih, kaping tiganipun.
  18. Ingkang welas sarta awor asih, iku ning papusuh, tulung tinulung ing kono kuwi, tyas ing sih lakune dhemeni, tresna lan kapengin iku nggonipun.
  19. Ingkang wonten jejantung puniki, kasmaran ingkang wong, iya supe marang liyane, kerut sedyane sih lan rasmi, rasaning sih, sadaya kapengku.
  20. Ingkang kekalih sih dunya kang katon, lana reremen kalawan tunggale, budi piker metu ing jro ati, sabar lileng pati, donya tan kaetung.
  21. Kaweruhana ja sira lali iku kang weruh, ing marmane aling ing paberane, barang cinta pangucap ing osik lawan esir, ya saking Hyang Agung.
  22. Pan tarima lakune kang yekti, iku imaning wong, ingkang padhang nora pethenge, iya padhang tegese pan eling, nora kena lali, iku dhikir Ya Hu.
  23. Erapipun kang dhikir puniki, napas manjing wiwitane panjinge napas, wedalipun napas Hu kang kapuji, ing sajeke urip, melek lawan turu.
  24. Tegese Ya hu Allah kang urip, kang mubeng tumuwoh, sakabeh kang gumelar, urip langgeng ingkang Maha Suci, aniyata dhikir, ing sakjroning kalbu, iya iku sampurna kang urip, dadene papan awor, awor cahya kang padhange linge, pan ciptanen dadine sawiji, iya ruh ilafi, dadine jeng rasul.
  25. Nalikane sira angabekti, rumongsaha kang awor, tuwin sira dhuk dhikir kalane, pan ing kono nggoning kang ning, raganira iki sirnaning pandulu liyaping netra. Kebut ing ati akbarira awor, petenging tyas tan aling ragane, Wimbuh ira katingal jro ati mring kang Maha Suci, Sih ira Hyang Agung.
  26. Datan mawi lantarane malih, Sih Pangeraning wong, Iya rahmatira iku kabeh, Yakna rahmat Sih tumurun tan elingling diri, tansah manah liwung.

PITUTUR KANG BECIK

  1. Yen kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka kalungguhane kang endhek dewe. Kawit klawan mengkono ing tembe siro ora disepeleake dening bawahanmu, lan kang utama yaiku sira nuli bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak deksura, ananing mung sarwo kebak tepa selira.
  2. Aja ndarbeni pepenginan dadi wong kang luwih kang ngandhut idham-idhaman supaya sarembuge diendel wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae marang rembukira kanthi becik, petitis lan maedahi. Karo maneh tindak-tanduk kang ngresepake, luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine ngungkuli sakehing pitutur kang ndakik-ndakik nanging kang durung kebukten ananing panindak. Mula kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug tansah keplok lumah kurep karo tindake.
  3. Aja gething marang apa kang kok duweni. Aja nyawang remeh marang apa kang kok duweni. Aja wedi yen sing mbok duweni bakal nggawa susahmu. Sing mbok duweni mujudake marganing marang kahanan kang apik.
  4. Prawiraning wong prawira iku ora kaya wong kang bisa ngasorake hawa nafsune awit hawa nafsu iku kang dadi sumber sakabehing memala, bisa ngrusak jagad yen kapinujan kesinungan panguwasa sarta bisa nuwuhake kasengsarane urip semangsa kelangan prikamanungsane.
  5. Kaprawiran lan kapitayan dhiri mono pancen wigati. Pindhane prajurit kang maju perang iku, senajan senjatane mbrabat lan pepak, yen tanpa nduweni kaprawiran lan kapitayan dhiri genah ora bakal bisa ngempakake gamane kanthi tumama. Semono uga ing setengahe bebrayan. Yen wong ora kadunungan watak prawira lan pitaya marang dhiri pribadi satemah kepinteran kang diduweni ora bakal bisa dipigunakake klawan samesthine. Bisane mung nunak-nunuk ora beda karo tumindake wong calaina kang njaluk dituntun pitulunge liyan.
  6. Wong pinter kang ora kekanthenan ing kautaman iku ora beda karo wong wuta nggawa obor ing wayah wengi. Madhangi wong liya nanging dhweke lakune kesasar-sasar. Kapinteran kang mangkene iki kang dicakake ing madyaning bebrayan bakal nuwuhake kapitunan, pikolehe malah mung wujud kasangsaran lan karusakan.
  7. Sing nyebabake wong ngrasa tansah ora cukup yaiku amarga dheweke nggunakake pathokan barang-barang lan kahanan iku tansah owah gingsir miturut sebab lan kedadeyan, mula wong bakal ngrasa tansah kurang.
  8. Sapa bae kang rumangsa dadi pemimpin, mbudidoyoa amri sakabehing pangucap lan tandang grayangmu tansah bisoa jumbuh nyawiji. Jumbuhing pangucap lan tandang iku perlu, jalaran kedhale lisanmu kang wus kadhung kawetu kudu bisa digugu, kang jangkahmu kang wus kadhung lumaku kudu bisa ditiru. Yen ora mengkono jeneh kaya wong wuta kang nggawa obor.
  9. Aja tansah kepengin diemong, nanging kepara bisoa dadi pamong menawa kowe kepingin tansah bisa gawe reseping pasrawungan. Lire kabeh mitaramu gawenen seneng atine, sarana aweh pitulungan lan bantuan sak kuwasamu yen ana sing nandhang reribet.Wondene yen ora kuwagang, aran wis prayoga yen kowe ora gawe seriking liyan.
  10. Wong kang tansah nduwe watak njaluk diemong dening kabeh kanca tetepungane iku, adate sak ucap tindake tansah njaluk dibenerake. Yen ana wong liya kang cengkah karo panemune, gedhene ngluputake, mesti disatroni. Wong kang tansah njaluk benere dhewe iku karan durung dewasa, ora beda karo bocah cilik. Aran utama yen sira tansah bisa ngemong sakabehing mitra karuhmu.
  11. Panandhang kaya dene kegagalan, bisa dadi anugerah utawa musibah. Yen panandhang ditampa kanggo sawijining kekuatan tanpa rasa gething lan nesu, mula panandhang bisa dadi anugerah kang gedhe.
  12. Sakabehing gegayuhan lan pakaryan mesthi bisa kasembadan yen ditangani kanthi anteping tekad. Dene tekad mono ngemu telung perkara, yaiku anteping ati, lan kencenge pikir sing laras karo bobote kekuatan.
  13. Aja ngaya lan keladuk anggonmu nenumpuk bandha lan kasugihan. Kawruhana menawa bandha lan kasugihan mono pindhane banyu segara, yen diombe ora njalari mari ngelak. Saya akeh anggone ngombe, kepara saya wuwuh ngelake. Yen diuja terus bakal nekakake bilahi.
  14. Yen sira dipasrahi kuwajiban dening wong liya, tindakna kanthi tememen kaya pangarep arep yen kowe masrahi kewajiban marang wong liya. Semono ugo yen sira lumuh dilarani atimu, mesthine kowe dhewe ya kudu lumuh natoni atining liyan. Kabeh iku dhasare ora ana liya ya mung kudu bisa tepa selira.
  15. Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Ewa semono aja nganti kowe kesusu mbecikake kaluputane liyan yen awakmu dhewe rumangsa sawijining wong kang wis ngerti marang jejering manungsa, manungsakang utama.

alt text